Sabtu, 15 Maret 2014

Logat Kalongan, Ora Biso Mesbok

Ora Biso Mesbok

NAIK kereta api, tut..tut..tut.. siapa hendak turut ke Bandung, Surabaya.. bolehlah naik dengan percuma..
sopo sing kilingan lagu kuwi? Nek do kojahan perkoro sepur, kerep-kerepe yo kilingan. Kuwi lagu ket Turmudi jik cilik. Ora ding, sak hurunge meneh, ket jaman nom-nomane ibune Turmudi. Jaman mbiyen wis ono wong ngabuk, utowo nggondel sepur alias numpak sepur ora mbayar. Tapekno nggondel po-o tetep izik wedi mbek kondektur, asale nek konangan mesti didendo. Nek jaman saiki modele sepur wis eksekutip, opo zik usum wong nggondel??
Hehe jaman mbiyen penumpang sepur untel-untelan koyo mbako, dadine umpetan nang kakus ora konangan. Mengko nek kondekture wis liwat, tembene metu, terus melu nglesot kambek penumpang liyane, hehehe.. “ Jare Tasripin kambek njupuk tahu sumpel. Wedang tehe wis cemepak.
Hidikae,, gayane pok. Koyo reti-retio kae si. Lha opo sampeyan wis lair?,” Yu Trimah takok setengah gugu, wong Tasripin kuwi laire tahun wolongpuluhan.
Opo iloke menangi si, sepur sing untel-untelan koyo jaman sepur kluthuk? Kursine penjalin. Cok akeh tinggine. Men slamet kudu dislemeki njagoke. Wong-wong akeh sing gowo termos isi the opo kopi, dadine nek pak medang gampang, asale jaman sakmono sepure hurung duwe restoran, bakul wedang sing gowo termos hurung usum. Seje termos othok, penumpange mandharan gowo lilin nombarang, asale sepure nek mbengi peteng. Penumpange sing ora enthuk jagokan, biasa do nggelar koran opo jarik nang ngisor, terus do ting gluntung, slonjor utowo nglegorong. Kondekture nek pak liwat kepekso jangkah nglumpati wong-wong. Bejone ora kesrimpung ho?
Aku asli ngalami kiye. Jaman sepur kluthuk, tahun sewidakan, penumpange suk pet suk dempet. Aku tau kiye ho, kambek adiku melu ibu pak ring jakarta, saking suk-sukane, aku mbek adiku dilebokke lewat jendelo..!” Pak guru slamet kilingan jaman cilikane. Yu Trimah getun. Liwat jendelo?nghang priye kuwi carane?
ha-ah aku dijunjung pak dhe ku, dicengge nang pundake, bar kuwi dikon mlebu liwat jendelo. Nang njero sepur wis ono sing nampani. Bar aku, genten adiku, mengko ibuku nusul liwat lawang. Mlebune gel nyara, kudu biso ndkesep-ndlesep kambek ngesuk kiwo tengen. Tur sikile diencot-encot nombarang. Ajib wis pokoke. “ pak guru slamet ndongenge lucu kae si, marake kabeh do gugu. Hidihlah, pak numpak sepur be biso kokuwi ho suk-sukane, padahal mbayar si.. terus pak guru slamet nambahi, jaman sakmono akeh wong do gowo radio nang njero sepur. Radio transistor siap dipanteng antenane. Lha kok nggowo radio, opo nggo ngrungoke bal-balan?
Seje, nggo ngrungoke pidatone bung karno, presidene ndewe sing pertama ra.. kae nek wis pidato, kabeh wong ora gelem keri, mesti ngrungoke kabeh. Bicoro macul nang sawah be kambek nggowo radio ok..”Ajib ho, jaman sakmono, pidatone biso di enten-enteni. Maklum, bung karno pancen nduwe kharisma, kotomono pemimpin tingkat dunia. Buktine wani ngedekke Conefo nggo nandingi PBB sing dicekethemi londo-londo, batine Turmudi. Anteng sedilut.
Lha nek penumpange sakmono akehe, nek ngabuk yo ora ketoro ho?,” Tasripin takok. Sarapane wis entek ket mau, karang mangane kilat.pak Guru Slamet mesem.
Yo cok e ono sing ngabuk, tapekno nek konangan, yo didendo temenan,” semaure ko kuwi. Turmudi ngguyu. Tasripin karo Yu Trimah getun. Ngguyu nang opo kang?
Lha nek jaman saiki, entuk numpak sepur gratis ok, lha kae lagune ono si.. naik kereta api, tut,.. tut,. Tut,.. siapa hendak turut.. terus bolehlah naik dengan percuma.. hehe.. lha kuwi podo bae ngajaki numpak sepur ora mbayar si,..” jare Turmudi, zik wutuh karo ngguyu. Tasripin sikile diusel-usel Timus. Kucing telone Yu Trimah sampek gugu, tapi ora wani nyingkirke, opo maneh nendang. Sido diseneni sing duwe, nggagar wis mangklihe ngalih njagok nang pedheke Turmudi.
Maksude ngajaki do ngabuk pok kang? Lha jaman saiki opo biso, wong jagokane diwehi nomer, dicocokke kambek karcise,?” Yu Trimah takok.
(Saiki wis ora biso meneh mesbok ora tuku karcis terus slaman karo kondektur, batine Turmudi. Lha sing entuk mlebu nang peron be sing nduwe karcis othok owk, wong ngeterke cumo biso ketug ngarep stasiun. Saiki numpak sepur makplencing othok, ora biso dadah-dadah. Pak ora wis, mending, pelayananane tambah apik tur resik. Tukune karcis biso lewat telpun utowo minimarket nombarang. Jaman gili akeh sing do rusak koyo saiki, numpak sepur gel dadi pilihan nomer siji, lha pak numpak montor mabur be pijar lungo aring semarang ndisik..) (49).
(SUMBER : SUARA MERDEKA, 12-03-2014)

Tidak ada komentar: